Jonggrang dan Geguritan Lainnya
Diterbitkan oleh Rois Pakne Sekar
Diperbarui pada:
Jonggrang
“Roncenen geguritan sewu gatra
Bab nggrantese katresnanmu marang aku
Kaya pamujane Qais menyang Layla
dak kanthi, sewengi kudu dadi”
Kandhamu nalika iku,
kaya Jonggrang sing njaluk bebana sewu candi
Sing gedhe pangapuramu ya, wong ayu
Tresnaku pancen mung kowe, tan ana liyane
Aku bisa wae nganggo metaAI utawa gemini
Ora suwe, tengah wengi iki uga bakal dadi
Nanging mangertiya, bilih katresnanku
Mokal bisa winengku tembung lan ukara
Senadyan saleksa gatra cacahe
Ketawang, 15/10/2026
Bapak
Nalika isih cilik kawuri
Aku ngira yen Bapak janma setengah dewa
Otot kawat balung wesi pangawak braja
Bisa mrantasi samubarang gawe
Mbendung kali mindah ardi
Uga nyangga langit lan methik kartika
Kanggo putra-putrine
Nganti teka wancine bayar ragad sekolah
lan maneka tagihan beya omah-omah
Aku nyawang Bapak lungguh ijen
Nganti lingsir wengi ing teras ngajeng griya
Astanira nyangga wang, dene paningal suwung
nyawang awang-awang
Sidhem tanpa swara, nanging netrane blaka
Ngumbar crita bab awrating panguripan
Ora ngira yen saiki
Bapak sing lungguh ijen nyangga wang
ing madyaning ratri kuwi
Aku
Malang Brang Kidul, 31/10/2026
Donga Lingsir Wengi
Gusti, menawi wonten setunggal kemawon donga
ingkang Panjenengan kersa ngijabahi,
Kula nyuwun ganti pangarsa negari
Amrih hayuning bebrayan ing bumi pertiwi
Mara saklerapan ana wewisik sajrone wardaya
“Ulun ora bisa nyembadani donga pangajabira
Mangertiya yen ana 58 persen titah,
Ya bala-wargamu dhewe sing uga ndedonga
Kosok baline saka panyuwunanmu.”
Gusti, menika leres dhawuh pangandikanMu,
Napa namung swarane jim setan peri prayangan
Sing tansah ngrubeda janma manungsa?
Bululawang, 28/10/2026, 01.10
Sajadah
Sawise sembahyang ngisak mengko
Ora ketang sedela, gawanen aku miber ngambah mega
Mbok menawa nganti mletheke bagaskara
Mugya bisa dadi panglipuring ati
Saka kahanan kang sarwa nguciwani
Gawanen aku ngawang menyang angkasa
Mblesat menyang negari antah-brantah
Kaya dongenge bapa-biyung nalika semana
Ing wengi-wengi kang kebak pangresah
Sabubare tahajud tengah wengi iki
Oncatke aku menyang praja neverland
Mesisan dadi wadyabalane Peterpan si lare
Tinimbang ngawula ing tlatah kene
Dipimpin tiyang sepuh nanging polahe
kaya bocah wingi sore
Oncatke aku methuki Aslan ing negari Narnia
Karuan ngawula marang sato kang ngugemi bebener
Tinimbang ing kene, tansah rekasa direksa pamarentah
Kang sakobah-mosike sarwa keblinger
Ajaken aku menyang endi wae
Waton ora ketemu MBG lan KDMP
Ketawang, 15/07/2026
Mangga Joged, Ndara
Mangga joged, Ndara..
Mumpung gendhinge wus talu
Waranggana uga sampun sumadya
Njenengan ngersakne gendhing menapa,
Srepeg napa sendhon?
Sampak napa pathetan?
Mangga jogedan, Ndara..
Nglerem pikir ngaso sawetara
Njenengan yekti sayah butuh tetirah
Perkawis negara ben digagas pra kawula
Supaya ajar ngupadi butuhe dhewe-dhewe
Ora kabeh-kabeh kudu diatur panguwasa
Mangga beksan, Ndara..
Beksan wireng napa bandabaya
Tayungan Werkudara ugi mboten menapa
Pamer olah yudha kaprawiran mring sedaya
Amrih para panyacad padha nyisih
Lan mengsah samya jirih
Saged kalajengaken beksan bancak doyok
Jumbuh klawan kahanan kang sarwa peyok
Kamangka njenengan sampun mboten kirang-kirang
Anggone ngobral program lan undang-undang
Prandene rakyat kok isih ‘dha sambat
Mula dijogedi wae, Ndara..
Kuping lan netra disumpel sawetara
Nanging aja nyalahke sapa-sapa, Ndara..
Yen para niyaga kae ujug-ujug mbalela
Nabuh gendhing jengkaran
Nalika titi wancine isih jejeran
Ketawang, 05-05-2026
Kontributor Cangkeman

Asam Lambung dan Pestanya

Sah: Untuk Kekasih

Di Pelataran Rumah Ibu yang Berdebu

Sekian Kekalahan

Chit Chat

Layarku-Layarmu
Posting Komentar (0)
Masuk dengan akun Google untuk ikut berkomentar.
Masuk
